Story by blak-blakan : Penjinak Bom


‪#‎Story‬ by blak-blakan : Penjinak Bom
*Ceritane waktu iku onok bom nang salah siji mall nang daerah suroboyo, lah paimo iku dadi petugas sing ditugasno gawe jinakno bom iku mau, tapi paimo gak dewean paimo di ewangi karo komandan Tarjo via Radio*
+Tarjo : kijang satu memanggil kijang dua.
-Paimo : woy mlebu jang kijang,
+ Tarjo : he bosomu koyok wong embongan ae. Aku iki komandanmu dhes. Wes posisimu nang ndi saiki ??
-Paimo : aku sek ngopi nang warkop’e supri ndan onok opo ??
+ Tarjo : Loh asu Bom’e iki wes apene mbledak lah kon malah ngopi. Wes ndang nango lokasi !!!
-Paimo : sory ndan saiki aku wes nang lokasi.
+ Tarjo : yowes saiki tugasmu bersenono area’ne disek.
-Paimo : oalah yowes sek tak golek sapu karo pel-pelan lek ngunu.
+ tarjo : he citak’an apem maksudte area bom radius 1 Km iku bersenono teko menungso ben gak onok korban, lek kerjoanmu biyen dadi cleaning service yo gak usah digowo-gowo maneh.
-Paimo : oalah siap ndan
*gak suwi paimo wes mari berseni areane
-Paimo : lapor ndan area sudah bersih.
+ Tarjo : oke mo, saiki kon focus nang bom, pirang menit waktu sing sisa??
-Paimo : saiki sisa 15:00:56 itungan mundur ndan !!!
+ Tarjo : yowes berarti kon sek duwe sisa waktu 15 menit, cepet buka tutup bom nggawe obeng !!!
-Paimo : sek-sek ndan gak salah ta?? Lek tak buka garansi’ne batal laan ?? eman ndan !!
+ Tarjo : he goblok, kon kiro iku barang elektronik onok garansine, wes ndang bongkar !!!
-Paimo : SIAP !!! Lapor ndan Bom wes dibuka tapi akeh kabel iki, mohon instruksi.
+ Tarjo : yowes saiki potongen kabel sing paling cidek !!!
-Paimo : SIAP laksanakan !!! *prettt*
*moro-moro sambungan terputus, nang markas dadi podo bingung komandan Tarjo ngamuk-ngamuk gara-gara prajurit Paimo sing gobloke permanen.
+ Tarjo : sopo sing njupuk prajurit cek longor’e koyok ngene !!! dikongkon motong kabel nang bom malah motong kabel headset sing nempel nang awake !!!
*Maringunu operator nyambungno maneh nggawe alat komunikasi cadangan, pas wes nyambung munine “….Azza, Azza aza aza..” lagu Rhoma irama krungu sak ruangan kantor sepuluh detik akhire diangkat*
-Paimo : panggilan di copy komandan siap terima instruksi !!!
+Tarjo : iku mau opo-opoan COK tak hubungi kok malah onok musik ngunu.
-Paimo : oalah iku Ring Back Tone jenenge pak, saiki lagi musim nang kampungku.
+ Tarjo : he iki nyangkut nyowone wong akeh !! ojok malah dulinan. Ngerti kon !!!
-Paimo : Siap dimengerti !!!
*Nang markas komandan Tarjo diewangi ajudan buka buku nggolek datane jenis bom opo sing dipasang karo teroris iku.
+Tarjo : prajurit Paimo tolong golekno teko endi asale sing mau. Tak enteni datane !!!
-Paimo : asale teko Tasikmalaya komandan, daerah sodong, negla taraju mangkane disebut grup SONETA. Datane aku gak onok aku mek duwe gambar vokalise tok iki onok nang dompetku sampean gelem ta ??
+ Tarjo : ”AAARRRRRGGGHHH” mbengok karo ngrokoti tembak !! goblok datane bom sing tak jaluk COK !!!
-Paimo : oalah sory ndan, wes tak amati sisa 4 kabel. Mohon instruksi !!!
+ Tarjo : potongen kabel ijo !!
-Paimo : SIAP ndan
+ Tarjo : sakjane saiki bom wes mati, yo opo kondisine saiki mo ??
-Paimo : Lapor ndan bom’e sek murup, mlakune malah cepet iki.
+ Tarjo : Lah kon mau motong kabel werno opo ??
-Paimo : ijo ndan !!!
+ Tarjo : haruse bom’e wes mati, cepet golek cara liyo !!
-Paimo : aku gak nggowo koin ndan !!!
+ Tarjo : Gawe opo COK koin iku ??
-Paimo : Yo kan sopo ngerti lek gagal isok ngulang maneh !!
+ Tarjo : He COK iku Bom duduk mesin dingdong !!!
-Paimo : Tapi sumpah ndan mau sing tak ketok warna ijo, sampean salah paling.
+ Tarjo : Congormu bosok, wes salah ngeyel, yowes saiki sisa werno opo ae kabel’e??
-Paimo : Abang, ireng, karo ijo !!!
+ Tarjo : lah kok kabel ijone onok loro mo??
-Paimo : Iyo emang onok loro ndan ijo daun karo sijine ijo langit.
+ Tarjo : he COK langit iku biru duduk ijo
-Paimo : Loh langit iku ijo ndan, coba pisan pisan ayo dolen nang kampungku.
+ Tarjo : berarti sing mok ketok mau ijo langit ??
-Paimo : Iyo ndan bener. Trus yo opo ndan Tak nteni instruksi berikute.
+ Tarjo : *karo gedek-gedek* omongno nang bagian personalia mene-mene lek apene ngerekrut anggota takon disek langit nang kampunge wernone opo !!!
-Paimo : Lapor kondisi darurat ndan,Bom siap meledak !! mohon instruksi !!
+ Tarjo : Ok tenang mo, operasi tak ambil alih, kon kudu meloki instruksi karo omonganku yo !!!
-Paimo : SIAP laksanakan ndan !!!
+ Tarjo : ashadu Allah…..
-Paimo : ashadu Allah….
+ Tarjo : Illaha illalah…..
-Paimo : Illaha illalah….
+ Tarjo : Wa’ashadu anna….
-Paimo : Wa’ashadu anna….
+ Tarjo : Muhammadan Rasullulah….
-Paimo : Muhammadan Rasullulah….
-Paimo : Trus yo opo ndan, wooyy ndaaaann…
BBBLLLAAAARRRRR *akhire Bom’e mbledak Paimo mati syahid.
ojok lali follow Instagram JK4 : @asli_jancoker
Share: